Pancen wingi aku patah hati
Mergo atiku wis mbok khianati
Lorone nembus ati ora tatu tapi loru
Sampai gawe marai awakku kuru
Kui kabeh wes kelakon ora perlu digetuni
Justru saiki aku seneng pisah karo mantan
Sanadyan aku ditikung nanging ora linglung
Mergo soko iku aku ngerti konco lan lawan
Saiki aku move on saka sliramu
Mantan pacar karo konco cedakku
Merga lakumu gawe kuat atiku
Sanadyan nate catu aku tetep iso ngguyu
Aku percaya Gusti Allah ono
Kabeh laku bakal dinyatakno
Sing becik ketitik lan olo ketoro
Laku bener mesti bakal bahagio
Comments
No comments yet.